Back

ⓘ Basa - Basa, Sangsekerta, krama, Prancis, Jawa, Kulawarga basa, Wikipédia basa Jawa, Cina, ngoko, Polen, Walanda, Indonésia, Analogi, Asimilasi, Banyumasan ..


                                               

Basa

Basa iku sistém simbul-simbul lan paugerané kanggo nggunakaké sistém iki. Basa uga bisa ngrujuk ing panggunan sistém kaya mengkéné utawa panyinaonané minangka siji fénoména.Lan piranti kanggo sesrawungan ing antaraning manungsa siji lan sijiné. Panemu liya ana kang mratelake yèn bisa, ateges piranti kang awujud swara, tanda utawa tulisan kan andhedhasar pikiran lan kekarepan lan. Tegesé basa kang kaya dhuwur mau, yaiku tegesé basa kang kaprah, dingertèni déning umum.

                                               

Basa Sangsekerta

Basa Sangsekerta/ Sangskretā, iku basa Indo-Éropah kang lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu kang dawa dhéwé, tèks tuwa dhéwé ing basa iki, Rgwéda dianggit ing watara taun 1500 SM. Basa Indo-Éropah liyané kang bisa nandhingi umuré basa iki saka kulawarga basa Indo-Éropah namung basa Hitit. Basa Sangsekerta iku basa suci utama agama Hindhu lan Buda. Saiki basa iki kalebu salah siji saka 22 basa resmi ing India. Banjur ing praja Uttarakhand. basa Sangsekerta Klasik iku basa kang wis dibakokaké déning Pānini, ing layang paramasastrané ing watara abad kaping 4 SM. Posisi basa iki in ...

                                               

Basa krama

Basa krama iku basa Jawa kang nganggo tembung krama. Duk nguni, basa krama kapérang telu: wredha krama, kramantara, lan mudha krama, dalah pernahé ana ing dhuwuring basa madya. Saiki, basa krama kapérang loro: basa krama lugu lan krama alus, dalah pernahé ing dhuwuring basa ngoko.

                                               

Basa Prancis

Basa Prancis utawa basa Prasman iku basa paling wigati saka golongan basa Roman - kalah wigati saka Basa Spanyol lan Basa Portugis waé. Basa Prancis minangka basa kang paling akèh dituturkan angka 11 ing donya. Nganti taun 1999, basa iki dipigunakaké déning punjul 77 yuta sing ndunungi donya minangka basa utama, lan déning 128 yuta jiwa minangka basa kaloro. Basa Prancis iku basa resmi utawa basa pamaréntahan ing sawatara komunitas lan organisasi kaya Uni Éropah, Komite Olimpiade Internasional, PBB lan Fédération Internationale de Football Association.

                                               

Basa Jawa

Basa Jawa iku kagolong basa Austronésia, yaiku basa-basa kang dianggo sawarna-warnaning bangsa pribumi ing kapuloan sakidulwetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten, nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basané uga kasebar ing Indonésia, saka Sumatra nganti Papua, uga ing Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kalédonia Anyar. Basa Jawa dadi salah sawijining panyumbang kang gedhé dhéwé kanggo panuwuhaning basa Indonésia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamrintahan, ...

                                               

Kulawarga basa

Kulawarga basa iku sakumpulan basa-basa kang ndarbèni perintis kang padha yaiku basa purba saka kulawarga mau. Kayadéné kulawarga biologis, bukti gegayutan antara basa-basa sakulawarga bisa diamati saka karakteristik basa-basa mau. Sawijining kulawarga basa kang bisa diidhentifikasi kanthi trep yaiku kesatuan filogenetis kang tegesé kabèh anggota kulawarga basa mau diturunaké saka siji perintis lan kabèh basa turunané dilebokaké sajeroning rumpun mau. Sapérangan gedhé basa-basa ing bumi iku anggota saka siji kulawarga basa, nanging ana uga basa-basa (kaya basa isolat kang gayutané karo bas ...

                                               

Wikipédia basa Jawa

Wikipédia basa Jawa iku gagrag basa Jawa bauwarna gumathuk Wikipédia. Artikel utawa léma kapisané yaiku Basa Jawa, kang ditulis ing tanggal 8 Maret 2004. Tekan saiki, wis ana 62.692 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Wikipédia basa Jawa lumrahé mélu paugeran-paugeran Wikipédia basa Inggris lan Wikipédia basa Indonésia. Ing Wikipédia basa Jawa kabèh artikel uga kudu ditulis mawa Wikipedia:Cara ndeleng nétral utawa ing basa Inggris diarani Neutral Point of View. Kaistiméwan Wikipédia basa Jawa yaiku akèh ngamot artikel-artikel bab prakara Kajawèn, mligi bab basa, sastra lan budaya Jawa.

                                               

Basa Cina

Basa Cina iku péranganing basawangsa Sino Tibet. Sanadyan akèh wong Cina nganggep manéka varian basa Cina lésan minangka siji basa, variasi sajeroning basa-basa lésan mau sabandhing karo variasi-variasi sing ana sajeroning umpamané basawangsa Rum; basa katulisé uga wis owah wanguné sairing karo lumakuning wektu, sanadyan luwih alon dibandhingaké karo wangun lisané. Mula saka iku, bisa ngluwihi variasi-variasi sing ana sajeroning wangun lisané. Saperangan basa-basa Cina kang ana kaya ta basa Mandharin, basa Kwongtung, basa Ngu Syanghay, basa Hagkah utawa basa Kek Ind: Hakka, basa Tyocyu Ind ...

                                               

Basa ngoko

Basa ngoko iku basa Jawa kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Ater-ater lan panambang ngoko ana dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -é, lan -aké. Saka panganggoné jaman saiki, ana basa ngoko kang dianggep alus lan ora alus. Mula, basa ngoko banjur kapérang loro: basa ngoko alus lan basa ngoko lugu. Duk nguni, basa ngoko kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya. Basa ngoko minangka dhasaring basa Jawa. Duk nguni, sandhuwuring basa ngoko ana basa madya, déné basa krama ana ing dhuwur dhéwé. Saiki, sandhuwuring basa ngoko langsung basa krama.

                                               

Basa Polen

Basa Polen utawa basa Polski iku basa resmi Polen. Basa Polen digolongaké sajeroning basa Slav Kulon, saklumpuk karo basa Ceski, Slowak, Kasubi, Sorbi-ilir, Sorbi-ulu lan Polabi. Basa iki akèh dipituturaké ing Polen lan dadi basa Slav Kulon sing paling akèh panuturé. Saliyané iku, basa iki basa Slav sing gedhé dhéwé nomer loro sawisé basa Rusia. Basa Polen uga dadi salah sawijining basa resmi ing Uni Éropah. Cacahé panutur basa Polen ana 38.5 yuta jiwa. Saliyané ing Polen dhéwé para panutur uga bisa tinemu ing kiwa-tengening nagara Polen.

                                               

Basa Walanda

Basa Walanda iku basa Jermanik Kulon kang dipituturaké déning 20 yuta jiwa ing saindhenging donya. Sajeroning basa Walanda, basa iki karan het Nederlands utawa de Nederlandse Taal. Sajeroning Basa Inggris karan Dutch utawa the Dutch Language.

                                               

Basa Indonésia

Basa Indonésia punika nagarabasanipun Indonésia. Basa Indonnesiyah punika sajatosipun carabasa Malayu ingkang dipunpituturaken ing tlatah Indonésia. Gunggungipun para panutur basa Indonésia sawatawis 200 yuta jiwa.

                                               

Analogi

Analogi ya iku prabawa siji tembung ing dhapukané tembung liya kang dipadhakaké karo tembung-tembung kang wis ana sadurungé. Utawa uga duwé tegesi ndhapukaké tembung anyar kanthi dhedhasar madhakaké karo tembung-tembung kang wis ana luwih dhisik. Tuladha: hartawan dhapukan anyar darmawan putra-putri dhapukan anyar pemudha-pemudhi

                                               

Asimilasi

Asimilasi ya iku prabawa unining basa tumrap unining basa liyané. Tuladha: kliliben dadi klilipen kreteg dadi kretek kedhondhong dadi gedhondhong

                                               

Banyumasan

Sing diarani budaya Banyumasan iku bagianing budaya Jawa kang urip lan misuwur ing pérangan kulone Jawa Tengah. Tlatah Banyumas diwatesi tlatah Sunda ing kulon, tlatah eks keresidenan Kedu ing wétan, eks keresidenan Tegal ing lor lan segara kidul. Cacah Banyumas nganggo salah sijining dhialek Jawa kang bedha banget karo basa Jawa kang baku. Logate lucu tur medhok, luwih medhok tinimbang cara Salaan lan Yogja-an. Saliyané iku, ukara-ukara basa Jawa Banyumas uga tansah duwé unsur Jawa Kina kang ora dienggo manèh ing basa Jawa liyané.

                                               

Basa baku

Basa baku iku varian basa kang dianggo déning wong-wong sajeroning wacana umum. Utawa, basa baku iku varian basa kang ngalami pambakonan. Sarana lelakon iku, basa ditata saperlu digawé paramasastrané lan bausastrané lan ditulisaké tumrap pustaka-pustaka rujukan mangkono. Lumrahé, varian basa kang dibakokaké iku dhialèk enggon-enggonan kang dicaturaké ing laladan punjering padagangan lan pamaréntahan awit tumuwuh kabutuhan marang basa kanggo kaperlon kang ngungkuli kabutuhan basa enggon-enggonan. Basa baku kena plurisèntris utawa monosèntris. Basa tulis baku kala-kala ditembungaké sarana te ...

                                               

Basa Melayu Papua

Basa Melayu Papua ya iku sawiji jinis basa Melayu kang dituturké ing wewengkon Papua. Basa iki kegolong basa kang enom lan jinis basa kreol Melayu miturut Ethnologue. Basa iki ngembang kira-kira 130 taun kepungkur. Enggon asal basa iki durung cetha banget, nanging kira-kira ing sekitar pesisir Papua Kulon. Miturut Rowley munculé basa iki bisa dikira-kira nalika abad 14 Maséhi. Pengaruh Melayu miwiti nalika akéh pedagang-pedagang netep ing daérah Seram lan Tidoré, nuli njalar marang Papua. Van Velzen mratélakaké basa Melayu iku duwé wilayah komunikasi basa kang luwih amba sedurungé bangsa È ...

                                               

Bausastra

Sumangga manawa ana sing kersa ngisi bausastra iki. Using Banyuwangen - Basa Jawa Baku Bausastra Jawa Basa Jawa - Basa Indhonesiyah Surabayan - Basa Jawa Baku Basa Indhonesiyah - Basa Jawa Basa Jawa - Basa Inggris

                                               

Gunem

Gunem utawa wicara iku wujud komunikasi kang diucapaké, dhedhasar gabungan sintaktis saka lèksikon lan aran, kang ana ing kosa tembung. Saben tembung kang diujaraké iku dumadi gabungan fonétis saka saprangkat uni wicara swara lan wyanjana. Kosa tembung, sintaksis kang nata tembung, lan saprangkat uni wicara iku ana manéka warna, mula njalari ana warna-warna basa manungsa nganti cacahé éwon kang ora padha silih paham. Wong akèh-akèhé bisa komunikasi rong basa utawa akèh basa, mono diarani poliglot. Kabisan panywara kang nglantari manungsa bisa geguneman uga minangka kang nglantari manungsa ...

                                               

Jinising makna

Jinising makna ing basa jawi punika wonten ingkang: 1. mringkus ; makna ingkang saraosipun mringkus. Tuladha: kaos--> kaos oblong, kaos kaki, kaos kutang. 2. Makna ingkang melar, inggih punika makna ingkang langkung bawera tinimbang sadèrèngipun. Tuladha: amplop -> amplop sogok. Sumpel-> tutup bolongan sogok. 3. Makna ingkang geseh inggih punika suraosipun tembung awit kaprabawan déning éwah-ewahaning kawontenan. 4. Makna kognitif. 5. Makna konotatif. 6. Makna leksikal saha makna gramatikal. 7. Makna referensial.

                                               

Leléwaning basa

Leléwaning basa ya iku cara ngandharaké penggalih lumantaring basa kanthi cara mligi, kang nuduhaké jiwa lan kapribadèn panganggit utawa panyerat. Leléwaning basa kang apik iku kudu ngandhut telung unsur ya iku kajujuran, andhap asor, lan nengsemaké. Ana ing leléwaning basa nggunakaké basa kias utawa basa kang éndah. Basa kias figure of speech ya iku sawijining panyimpangan basa kanthi cara evaluative utawa kanthi cara emotif saka basa baku ing sajeroning éjaané, wujud tembungé, konstruksi, lan aplikasi sawijining istilah. Leléwaning basa dibédakaké dadi patang golongan, ya iku: Leléwaning ...

                                               

Linguistik

Basawidya iku kawruh sing nyinaoni basa. Dadi basawidya uga bisa diarani "kawruh basa". Sanadyan basawidya iku kawruh basa, nanging kawruh iki séjé karo yèn nyinaoni basané dhéwé. Uga bisa diomongaké yèn kawruh basa iku kawruh méta. Dadi ing sadhuwuring basa dhéwé. Basawidya nyinaoni sipat-sipate basa awit saka pocapan nganti tulisan. Basawidya iku duwé manéka warna cabang, kaya ta: Basawidya Swarajati lan Swarawidya utawa widyaswara Morfologi utawa widyatembung Sukmabasawidya Sintaksis utawa widyaukara Semantik utawa widyamakna Mulatembung Neurobasawidya Pragmatik Brawitwidya dan Leksikog ...

                                               

Owah gingsiring basa

Owah gingsiring basa iku prosès owahing basa sing mrebawani marang pocapan utawa struktur sistem swara. Basa kang digunakaké ing sadina-sadina iki, lumrahé awujud tembung utawa unèn-unèn kang kadadéan saka wanda. Wanda iku kadhapuk saka swara. Swara basa kang bisa mbédakake teges diarani fonim utawa fonèm. Miturut sajarah panganggoning basa saiki wis akèh kang ngalami owah gingsir. Kaya ta wis ana kang fonimé kang ilang, wuwuh, owah, utawa ngalih panggonan, lsp. Kadadéan iki kang mau owah gingsiring basa. Owah gingsiring basa dibédakake kaya mangkéné: Disimilisasi Analogi Metathesis Apocop ...

                                               

Penacat

Basa Jawi iku sugih tembung-tembung penyandrané, umpanané untuné miji timun’ utawa lakuné kayo macan luwé’ lan sapanunggané. Kosok balèné penyandra ya iku penacat kang manéka warna wujudé. Umpamané: Matané picek, pécé, kéro, siwer, bijél, mlóló, metótó, bèlèken, plórak plolrok, plirak plirik, mlorok, cétok pécé sitok, téréng mlénté sairéng, timbilen, mlethés, kiyer-kiyer, mendhóló, cadok, sipit, mbabrak. Rambóté njegrak, buthak, gimbal, brinték, brindél, uwanen Irungé pèsèk, thempok, nyunthi, pogos gedi néng óra mbangér, menthol / menthól koyo Penthól, ndengar bolongané rada njengat mungga ...

                                               

Pisuhan

Pisuhan iku tembung utawa ukara kang lumrahé kagunakaké kanggo ngècè utawa ngina wong liya. Tembung lan ukara pisuhan iku béda-béda ing antarané basa siji lan basa liyané.

                                               

Pragmatik

Pragmatik iku cabang ngèlmu basa ingkang nyinaoni makna – makna ékan lingual kanthi eksternal. Ana manèh miturut Morris ya iku cabang semiotik kang nyinaoni rèlasi tanda lan tafsiranè. Dadi pragmatik iku kalebu ngèlmu tanda utawa semiotik. Miturut Leech ing njero bukunè kang judulè Principle of Pragmatics dhèwèkè nulis yèn pragmatik iku studi kang nyinaoni makna ujaran ing njeronè situasi–situasi tartamtu. Pragmatik iku luwih menyang fungsionalisme tinimbang menyang formalisme. Pragmatik béda karo semantik, manawa pragmatik nyinaoni maksudè ujaran nganggo ékan analisisè tindak tutur, manaw ...

                                               

Rangka Éropah sarasa kanggo rujukan kompetènsi basa

Rangka Éropa sarasa kanggo rujukan kompetènsi basa iku sawijining pangirid kanggo ngwiji pencapaian para siswa sing sinau marang ing basa ngamanca ing buwana Éropa. Nanging saiki sistim iki ya saya akèh dienggo sajabaning Éropa. Sistim iki diripta déning Pasamuan ing Éropa minangka péranganing proyèk "Sinau Basa kanggo Warga Éropa" antara taun 1989 lan 1996. Doné iku kanggo mènèhi métode sinau, ngajar lan évaluasi sing bisa ditrapaké marang kabèh basa ing Éropa.Ing sasi November 2001, sawijining résolusi Rad Uni Éropa nyaranaké nganggo sistim kanggo mriksa kompetènsi bebasan ngamanca. Enem ...

                                               

Téori Behavioristik

Téyori Behavoristik ya iku téyori kang nganggep manawa kasil sinau iku ora disebabna déning kemampuan internal manungsa, insight, nanging amarga faktor stimulus kang nganakna respons. Téyori iki dimotori déning B.F Skinner kanthi bukuné Verbal Behavior. Téyori iki, adhédhasar kaliyan téyori sinau stimulus-respons. Téyori Behavioristik ya iku salah sawiji saka telu aliran psikologi pendhidhikan kang thukul lan ngrembaka kanthi cara runtut saka pèriode ning pèriode.

                                               

Èlegi

Èlegi inggih punika antyabasa jamak ing kasusastran ingkang ngemu teges cakepan ingkang ngandhut tangisan lan béla sungkawa awit sampun kicalan tiyang kinasih. Nanging tembung punika mboten mligi kanggé prakawis raja pati. Pangginaan tembung "èlegi" salebetipun cakepan utawi lagu ugi saget nggambaraken raos kicalan, prakawis punapa kemawon. Kados ingkang saget dipunpirsani wonten salah satunggalipun lagu anggitanipun Ebiet G. Ade sesirah Elegi Esok Pagi. Amargi nerangaken tetangisan lan kanelangsan, èlegi ugi mlebet minangka salah satunggalipun golongan geguritan modhèren; inggih punika ge ...

                                               

Dhialèktologi

Carabasawidya ya iku salah sijne kawruh kang ngrembug babagan carabasa, utawa cawang saka basawidya kang ngrembug babagan bédané carabasa papan kanthi nglakokaké perbedaan mau kanthi wutuh.

Basa Myanmar
                                               

Basa Myanmar

Basa Myanmar ya iku basa resmi kang ana ing tlatah Myanmar.Sacara resmi duwé jeneng basa Myanmar, uga akeg golongan kang njebatake basa Burma. Basa mau uga dadi salah satunggaling basa ibu déning ètnis Bamar, Rakhine lan sub-ètnis Bamar lainé. Basa Myuanmar uga kagolong sajeroning rumpun Sino-Tibet.

                                               

Tingkat tutur

Tingkat tutur inggih punika variasi-variasi basa ingkangyang perbedaan antara satu dan lainnya ditentukan olèh perbedaan sikap santun yang pada pembicara terhadap lawan bicara Terdapat tujuh tingkat tutur basa Jawa, sebagai berikut: 1. Basa ngoko 2. Basa madya 3. Basa krama 4. Basa karma inggil 5. Bsa kedhaton 6. Basa karma désa 7. Basa kasar