Back

ⓘ Jawa - Jawa, Wétan, Tengah, Wong Jawa, Pananggalan Jawa, Kulon, Segara Jawa, Dhialèk Jawa Wétanan, Basa Jawa Kuna, Dhialèk Jawa Kulonan, Warak jawa, Dhanyang ..


                                               

Jawa

Jawa punika asma klintu sawijiné pulo lebet indonésia, jembaré wonten 132.000 km², kaliyan pendhudhuké wonten 114 yuta jiwa. pulo menika pulo ingkang padhet kaliyan kebak dhéwé lebet indonésia. kapadhetané wonten 864 jiwa sa-km². yèn pulo menika nagari, wus dados nagari ingkang padhet nomer kalih sedunia

                                               

Jawa Wétan

Jawa Wétan iku provinsi ing Indonésia. Provinsi iki anané ing ujung wétan Pulo Jawa lan uga ngambah Pulo Madura lan pulo Bawéan. Kutha krajan provinsi iki yaiku kutha Surabaya sing uga kutha gedhé kaping 2 ing Indonésia.

                                               

Jawa Tengah

Jawa Tengah iku provinsi ing Indonésia. Kutha krajané yaiku Semarang. Jawa Tengah iku salah siji saka enem provinsi kang ana ing pulo Jawa. Kajaba jeneng sawijining provinsi, Jawa Tengah iku uga jeneng tlatah budaya ing Pulo Jawa. Dadi sajatiné Ngayogyakarta iku uga pérangan saka Jawa Tengah, yèn ditilik saka sajarah ya pancèn mangkono. Kosok baliné, tlatah Surakarta sawisé Indonésia mardika dadi pérangan provinsi Jawa Tengah. Tlatah Jawa Tengah iku papan kang wong Jawané manggon akèh dhéwé kanthi kwantitatif. Sesanti provinsi iki uga nuduhaké yèn Jawa Tengah iku "Punjer Budaya Jawa". Prov ...

                                               

Wong Jawa

Wong Jawa iku bebrayan utawa golongan ètnis kang asalé saka Pulo Jawa pérangan tengah lan wétan. Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé saka Pulo Jawa lan mligi ing Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Nanging ing provinsi Jawa Kulon uga akèh tinemu Wong Jawa, mligi ing Kabupatèn Indramayu lan Cirebon kang mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa kang migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ing Banten lan uga ing Jakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané wong Jawa baku, ana uga subsuku Using lan Tengger.

                                               

Pananggalan Jawa

Pananggalan Jawa utawa Kaléndher Jawa iku diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya pananggalan Islam. Pananggalan liya ana kang dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé pananggalan dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki dhedhasar perédharané rembulan. Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yaiku pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan yaiku ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga dikukuhaké m ...

                                               

Jawa Kulon

Jawa Kulon utawa, iku provinsi Indonésia kang dunungé ana kuloné Provinsi Jawa Tengah. Provinsi iki minangka papan kang ndunungi wong Sundha né manggon paling akèh kanthi rélatif.

                                               

Segara Jawa

Segara Jawa iku segara cethèk sing ambané kira-kira 310.000 km 2 ing antarané pulo Kalimantan, Jawa, Sumatra, lan Sulawesi ing gugusan kapuloan Nuswantara. Segara ini kadhapur ing jaman ès sing pungkasan, yaiku nalika rong sistèm kali manunggal. Ing sisih lor-kulon, Selat Karimata nggandhèngaké karo Segara Cina Kidul. Sèktor pangiwakan iku aktivitas ékonomi wigati ing Segara Jawa. Ana punjul 3.000 spésies bahari ing tlatah kéné. Tlatah saubengi Segara Jawa iku tlatah tujuan turis sing populèr. Selam scuba mènèhi kasempatan kanggo njlajah lan fotografi guwa-guwa ngisor segara, baita klelep, ...

                                               

Dhialèk Jawa Wétanan

Carabasa Jawa Wétanan utawa basa Jawa Wétanan, bédané katon ing babagan swarajati Ind: fonetik lan paramasastra Ind: tatabahasa.

                                               

Basa Jawa Kuna

Basa Jawa Kuna iku basa Jawa kang dipigunakaké wiwit kurang luwih abad kaping 9 nganti abad kaping 14. Basa Jawa Kuna kahanané isih bisa disinaoni jaman saiki amarga nalika iku basa iki wis ditulis.Basa Jawa Kuna akèh prabawa saka tembung Sansekerta. Akèh paninggalan prasasti lan karya sastra kang tinemu. Yèn prasasti-prasasti iki racaké ditulis ing watu utawa tembaga mawa aksara Jawa Kuna. Nanging yèn karya sastra racaké diawètaké ing Bali lan Lombok mawa naskah rontal, sanadyan uga ana naskah Jawa Kuna saka Jawa dhéwé, Tatar Sundha, lan Madura.

                                               

Dhialèk Jawa Kulonan

Ejaan basa Jawa Kulonan béda banget karo Ejaan Jawa Baku lan pada karo ejaan basa Indonésia. Aksara a’ mung bisa diwaca a. Béda karo Ejaan Jawa Baku, aksara a bisa diwaca a, e, utawa o-jawa. Aksara u’ mung bisa diwaca u. Béda karo Ejaan Jawa Baku, aksara u bisa diwaca u utawa ö. Aksara i’ mung bisa diwaca i. Béda karo Ejaan Jawa Baku, aksara i bisa diwaca i utawa é. Aksara o & e pada karo Ejaan Jawa Baku. Aksara o bisa diwaca ö utawa o-Jawa. Aksara e bisa diwaca e, é, utawa è. Conto: Tulisan ana pitik kuning durung bisa mumbul’ diwaca cara Ejaan Jawa Baku dadi ana pit é k kun é ng dur ó ng ...

                                               

Warak jawa

Wwarak jawa iku anggota famili Rhinocerotidae kang duwé sungu cilik siji lan siji saka limang jinis warak kang isih ana. Warak iki mlebu gènus kang padha karo warak Indhi lan duwé kulit mosaik kang mémper klambi waja. Warak iki dawané 3.1–3.2 m lan dhuwuré 1.4–1.7 m. Warak iki luwih cilik tinimbang warak Indhi lan luwih cerak gedhéné awaké karo warak Ireng/warak Hitam. Ukuran sunguné lumrahé kurang saka 20 cm, luwih cilik tinimbang sungu spésies warak liyané. Warak iki tau dadi salah siji warak ing Asia kang paling akèh panyebarané. Sanajan ingaran "Warak jawa", kéwan iki ora mung urip ing ...

                                               

Budaya Jawa

Budaya Jawa iku pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwa, madya, lan wusana ning kaanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam, lan apa waé sing ana saliyané dhèwèké kudu bisa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.

                                               

Cemara Lawang

Cemara Lawang iku dhusun cilik kang pernahé ana ing sisih lor-wétan Gunung Brama, Indonésia kalawan dhuwur 2.217 mèter ing dhuwuring segara. Sacara administratif dhusun iki klebu Dhusun Ngadisari, Sukapura, Kabupapatèn Prabalingga. Cemara Lawang iku salah sawijining saka sakèhing dalan menyang kawah Tengger liwat Prabalingga. Ana papan kanggo nyawang Gunung Bathok lan Gunung Brama. Sajatiné papan iki minangka jujugan kanggoné wong-wong kang munggah Gunung Brama wayah wengi. Gunung Brama iku gunung geni aktif kang mapan ana satengahing segara wedhi. Hawa ing papan iki krasa adhem atis lan k ...

                                               

Dhanyang

Dhanyang iku roh sing manggon ing gunung, sumber, désa, angin, utawa bukit. Danyang dipracaya déning wong Jawa manggon ing pundèn. Akèh wong kang pracaya danyang iku bisa dijaluki pitulungan. Pahala kanggo danyang ya iku slametan. Danyang dudu ruh sing nganggu nanging malah ngayomi masarakat dhusun. Danyang iku asliné ruh leluhur saka désa kang wis sèda. Leluhur iki wong kang sepisanan mapan ing sawijining dhusun.

                                               

Entis Sutisna

Entis Sutisna yaiku minangka dhalang Wayang golèk saka kutha Bandung Jawa Barat. Entis Sutisna utawa Aki Acin saktenané minangka saksi urip wayang golèk. Dhéwéké iku pioner kang pegawèyané nggawèkaké klambi kanggo wayang golèk, saka usahané iku wayang golèk bisa katon urip ing saktengahé masarakat. Malah saiki umure sing wis ngancik meh seabad, Aki Acin terus mujudaké kaprigelané ana ing donya seni, yaiku donya wayang golèk.

                                               

Kentrung

Kentrung iku tontonan tradhisional seni tutur utawa lésan wujud carita-carita kang ngandhut pituduh urip lan moral, diiringi nganggo tetabuhan terbang utawa rebana. Seni iki sumebar ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan, mligi ing laladan Purwadadi, Blora, lan Tuban. Diarani kentrung awit swara tetabuhané pancèn muni "trung - trung - trung". Ing Kabupatèn Blora, seni kentrung wis dikenal wiwit taun 1915.

                                               

Madura

Madura ya iku sebuah calon provinsi yang rencananya akan dimekarkan dari provinsi Jawa Timur. Provinsi ini sempat dimekarkan 2 Oktober 2014. Kutha krajannya direncanakan berada di Sampang. Namun dalam beberapa buku Atlas Provinsi Madura telah di sahkan.

                                               

Negara Jawa Timur

Negara Jawa Wétan minangka wilayah sing dibentuk déning Walanda sing diadegaké tanggal 26 Novèmber 1948. Negara iki lair adhedhasar resolusi Konferensi Djawa Timoer ing Bondowoso, 23 Novèmber 1948, mutusaké kanggo netepaké Negara Jawa Timur sawisé nganakaké konfèrensi. Konferènsi kasebut dirawuhi 75 wakil saka Dewan Kabupatèn, dipimpin déning RTP Achmad Kusumonegoro, Bupati Banyuwangi. Adhedhasar sumber koran Pandhi rajat tanggal 3 Désèmber 1948, bisa dingertèni yèn idé saka Negara Djawa Timoer wis ana wiwit resolusi 23 Novèmber kepungkur. Konferénsi kasebut milih RT Achmad Kusumonegoro da ...

                                               

Ngundhuh mantu adat Jawa

Ngundhuh Mantu Adat Jawa saged dipunjlèntrèhaken antawisipun aturan ingkang sampun kulina dupunlampahi nalika jaman rumiyin, cara ingkang sampun dados mbudi daya, wujudipun gagasan kabudayan saking nilai-nilai budaya, norma, hukum lan aturan setunggal kaliyan sanèsipun. Déné ngundhuh mantu inggih punika salah satunggaling adicara temanténan ingkang dipunlampahi sasampunipun upacara resèpsi. Ngundhuh mantu punika salah satunggaling adat Jawa ingkang dipunlaksanakaken kanthi cara manggihaken temantén putri ing papan kulawarga temantén putra sasampunipun gangsal dinten, kekalihipun gesang sar ...

                                               

Nyadran

Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiyatan setaun sapisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asalé saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing taun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita síng digawé saka kembang. ...

                                               

Omah adat Jawa

Omah adat Jawa sing umum ditepungi ya iku omah utawa omah sing duwé gagrag arsitèktur joglo, saliyané iku uga ana omah sing diyasa nganggo gagrag arsitèktur liya, kaya ta: limas, dara gepak, joglo trajumas, lan yasan liya upamané sasana suka. Omah adat Jawa sing isih pepak lan nduwé aji-aji budaya Jawa ya iku sing nduwé 3 pérangan yasan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 yasan liya sing rada cilik lan mapan rada ing arepan yasan pendhapa. Pérangan tengah ana pringgitan lan pérangan mburi dhéwé ana dalem. Omah ing désa-désa lan padunung lumrahé tunggal lan diyasa nganggo gagrag arsitèkt ...

                                               

Pendak pindho

Pendhak pindho punika pétangan wekdal ingkang dangunipun kalih taun ingkang wonten ing kalènder utawi tanggalan Jawi. Pendhak pindho punika salah satunggaling adicara kanggé mengeti tiyang ingkang sampun sédo kalih taun kepengker. Adicara Pendhak pindho utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pindho punika taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing provinsi Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak pindho punika ngawontenaken gendurènan utawi bancakan minangka ndedonga kanggé ingkang sampun sedo punika. Ingkang gadhah damel mendhak pisan padatanipun ng ...

                                               

Pendak pisan

Pendhak pisan punika petangan wekdal ingkang dangunipun satunggal taun ingkang wonten ing kalender utawi tanggalan Jawi. Pendhak pisan punika salah satunggaling adicara kanggé mengeti tiyang ingkang sampun sedo satunggal taun. Adicara Pendak pisan utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pisan punika taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wewengkon Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak pisan punika ngawontenaken gendurenan utawi bancakan minangka dedonga kanggé ingkang sampun sedo punika. Ingkang gadhah gawé mendhak pisan padatanipun ngundang ta ...

                                               

Perkawinan adat jawa tengah

Perkawinan adat jawa tengah punika upacara adat perkawinan gunakake budaya warga jawa tengah. Urut= urutan upacara jejodhohan punika limrahipun wonten sekawan urutan, inggih punika: Lamaran. Singsetan Lan Liru kalpika. Perkawinan. Nontoni. Upacara adat perkawinan punika wonten upacara adat panggih. Upacara adat panggih panganten uga ngandahi urut- urutan ingkang kedah dipunlampahi. Déné urutanipun kados ing ngandhap punika: Upacara bobot timbang, panganten kakung saha putri dipunpangku bapakipun panganten putri, Salajengipun ibunipun panganten putri pitaken, "Awrat pundi, Pak?" Dipun wangs ...

                                               

Pratélan ratu Mataram Anyar

Pratélan punika inggih Pratélan Ratu-Ratu Mataram Énggal utawi ugi kasebat Mataram Islam utawi Mataram II. Ing ngandhap punika asma-asma dalem para Ratu dipunsebat mawi warsa jumenenganipun. Para raja dipunpilah miturut wangsa utawi trahipun. Sanadyan sapunika wonten sekawan trah Ratu Mataram ing Tanah Jawi, sadaya saleresipun taksih sedhèrèk.

                                               

Rasukan adat Jawa

Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum/kaprah diarani rasukan kejawen sing wis ana wiwit jaman mbiyèn lan wiwit kebentuk jangkep ana ing jaman karajan Demak. Saliyané rasukan kejawen uga ana rasukan surjan, rasukan mesiran, rasukan basahan lan rasukan gedhog. Saben-saben jinis rasukan Jawa iki nduwé teges parumpamaan utawa pralambang kang jumbuh/gathuk kalawan aji-aji luhur filosofi Jawa. Lumrahé/kaprahe rasukan Jawa kapérang dadi 4 pérangan ya iku:

                                               

Serat Wulang Sunu

Serat Wulang Sunu, iku karya sastra Jawa klasik tinggalan Paku Bawana IV, wujud gurit tembang macapat, sajeroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun 1768 nganti taun 1820 ing Kraton Kasunanan Surakarta, kang surasané yèn anak iku kudu ngabekti marang wong tuwa, kaya sing kagambaraké ana pupuh kapisan karya iki.

                                               

Serat Wulangrèh

Serat Wulang Rèh, iku karya Jawa klasik tinggalan Pakubuwana IV, wujud puisi tembang macapat, sajeroning basa Jawa anyar kang tinulis ing taun 1768 nganti taun 1820 ing Kraton Kasunanan Surakarta. Isi teks bab ajaran ètika manungsa idéal kang ditujokaké marang kulawarga raja, kaum bangsawan lan hamba ing kraton Surakarta. Ajaran ètika kang ana ing njeroné minangka ètika kang idéal, kang dianggep paugeran urip masarakat Jawa, mligi ing lingkungan Kraton Surakarta.

                                               

Srimulat

Srimulat punika priyantun èstri ingkang mandhégani kelompok lawak Srimulat. Kelompok Lawak Srimulat punika kondhang boten namung wonten tlatah Sala nanging ugi wonten laladan sanès, kados ta: Jakarta lan Surabaya. Pelawak-pelawak ingkang kondhang sapunika, limrahipun jebolan Srimulat. Contonipun: Mamik Slamet, Polo, Tarzan lan sanèsipun. Srimulat sampun tilar donya lan kasarekaken wonten pasarean Bonoloyo, Sala. Kelompok lawak Srimulat: Topan Eko Srimulat Didik Mangkuprojo Triman Leysus Kadir Bambang Gentolet Basuki Asmuni Betet Rohana Bendot alm Gepeng alm Nunung Isye Subur alm Gogon Suro ...

                                               

Taman Nasional Karimunjawa

Taman Nasional Karimunjawa yaiku gugusan kapuloan kang cacahé 22 pulo kang papané ana ing Segara Jawa, duwé amba 111.625 Ha. Taman Nasional Karimunjawa dikukuhaké dadi Cagar Alam Segara karo SK Menhut No.123/Kpts-II/1986 kang sabanjuré nalika taun 1999 nanggo Dudutan Menhutbun No.78/Kpts-II/1999 Cagar Alam Karimunjawa lan perairan kiwa-tengené kang ambané 111.625 Ha diowah dadi Taman Nasional kanthi jeneng yaiku Taman Nasional Karimunjawa. Taun 2001 separo ambané kawasan Taman Nasional Karimunjawa yaiku ambané 110.117.30 Ha dikukuhaké dadi Kawasan Pelestarian Alam Perairan nanggo Dudutan M ...

                                               

Tanah Jawa

Tanah Jawa iku tlatah ing pulo Jawa sing dipanggoni déning wong Jawa utawa wong sing nuturaké basa Jawa. Tlatah iki ngambah Banten, sabagéyan Karawang, Darmayu, Cerbon, Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Nanging ing sisih liya ing kabupatèn Brebes lan kabupatèn Cilacap, basa Sundha uga dipituturaké. Banjur ing tlatah Bang Wétan, dadi Bangil mangétan nganti saloring Banyuwangi, basa Madura uga dipituturaké.

                                               

Trah

Trah ya iku sistem krabatan utawa bebrayatan ana ing budaya Jawa. Tembung" trah” iki ora ditemokna ing basa Jawa Kuna, miturut Juynnboll. Tembung iki ing cara fonètis padha karo" truh” kang tegesé" udan”. Miturut Soewito Santoso, tembung trah iki mungkin turunan sing truh, amarga teges pokok rong tembung iku kaya sawiji saka dhuwur marang isor kaya déné banyu udan. Asal mula sistem trah ing bebrayan sosial wong Jawa iku diwiwiti saka kumpulan wong turunan sing raja-raja Jawa. Dhèwéké ngehubungké awaké dèwé nganggo cara hubungan gènéalogis lan konstruksi wit keluwarga. Sabanjuré, sistem tra ...

                                               

Wong Samin

Wong Samin iku salah siji kelompok budaya kang urip ing wewengkon Blora, Jawa Tengah lan akèh-akehané uga urip ing kabupatèn Bojonegoro. Kelompok iki nduwé cara urip kang unik tur mbingungaké wong-wong sak jabane kelompoké. Budaya kang dijenengaké Saminisme iki pratandha perlawananing kelompok iki marang Walanda. Upamané, yèn dikongkon ning kiwa, nglakonine ing tengen. Masarakat Samin disebat uga kelompok kang lugu, lan apa anané. Simbol identitas wong Samin bisa dideleng saka sandhangan kang dianggo lan uga basané. Panganggoné wong samin padatan iku klambi lengen dawa ora nganggo krah lan ...

                                               

Aksara Jawa

Aksara Jawa bisa ateges: Aksara Latin kanggo basa Jawa Aksara Pégon, aksara Arab-Pèrsi kanggo nulisaké basa Jawa Aksara Carakan, aksara kang turun saka aksara Kawi

                                               

Njawani

Njawani, punika sikap tindak tanduk ingkang ngambaraken tumindak caranipun tiyang Jawa. Sawangsulipun, manawi wonten tindak-tanduk ingkang boten sarujuk kaliyan, tepa salira lan unggah-ungguh utawi adat istiadat tiyang Jawi lajeng dipunwastani "ora nJawani" utawi "ora nJawa".

                                               

Pratélaning basa ing Jawa

Ing ngisor iki basa-basa kang dituturaké ing Pulo Jawa, Indonésia Basa Jawa Basa Kangean Basa Batawi Basa Javindo Basa Baduy Basa Indonésia Peranakan Basa Using Basa Sundha Basa Pecok Basa Madura Basa Tengger

                                               

Pratélaning upacara adat Jawa

bedhah bumi Ngekoli Pendhak pindho Surtanah Pendhak pisan Nyatus Nelung dina Nyewu Mitung dina Matang puluh dina

                                               

Sundha

Sundha utawa Sunda iku tlatah kang ana ing kuloning pulo Jawa. Tlatah iki wewengkon kang dienggoni déning wong Sundha. Wates antara tlatah Sundha karo tlatah Jawa iku warna-warna tafsiré. Yèn miturut wates basa, tlatah Sundha iku watesé Indramayu, Cerbon lan Cilacap. Banjur ana tlatah kang terpencil ing Banten. Nanging yèn kang dienggo tapsir iku Wewengkon Kabupatèn Jawa Barat utawa "Alam Sunda", watesé jaré wong Sundha kali Comal ing Brebes.